CB

CB

Jumat, 26 Desember 2014

Lirik Lagu Suwukan Jaran Kepang

kali ini, saya akan membagikan lirik lagu dari grup hiphop di Yogyakarta, yaitu Jogja HipHop Foundation, judulnya Suwukan Jaran Kepang. Langsung simak aja   ;)

Lirik lagu Suwukan Jaran Kepang


Sang lindung, aku ora duwe ingkung
Sang lindung, aku aja digawe binggung
Kaki danyang, nini danyang
Jaran kepangku balekna ngandhang
e... jaran putih ngalor mlayune
 jaran abang ngidul mlayune
kae .. jaran kuning ngetan mlayune
Jaran ireng ngulon mlayune
sliramu sing nyekel pecute
jo malah kegeret playune jaran e
aja padha keseret ngalor lan aja padha keseret ngidul
aja padha keseret ngetan lan aja padha keseret ngulon
sing mencit methithit lan
ngener marang langit
manunggal marang Pangeranmu
muliha menyang kandhangmu
yaiku keblat ya uga papat lima pancermu
Sang lindung, aku ora duwe ingkung
Sang lindung, aku aja digawe binggung
Kaki danyang, nini danyang
Jaran kepangku balekna ngandhang
rem jaranmu tansah merem
mung sliramu sing weruh ana ing tuju
we jaranmu tansah luwe
mung sliramu sing weruh ana ing wates
su jaranmu tansah nepsu
mung sliramu sing weruh ana ing prelu
yen gelem diseret  jaranmu
ngluwihi tujuanmu watesmu lan prelumu
sira bakal ra weruh ing tuju
ora weruh ing wates
ora weruh ing prelu
tujumu, watesmu, prelumu
yaiku tetelu, keblat bejane uripmu
Sang lindung, aku ora duwe ingkung
Sang lindung, aku aja digawe binggung
Kaki danyang, nini danyang
Jaran kepangku balekna ngandhang
amek banyu apepikulan warih
jaranmu iku jaran banyu
aja numpak yen sliramu
durung weruh segering banyu
amek geni adedamaran
jaranmu iku jaran geni
aja numpak yen sliranmu
durung weruh padhanging geni
apa kang ginayuh ing wektu
bakal kasembadan yen sliramu
apepikulan segering ati mu
lan dedamaran padhanging budimu
Sang lindung, aku ora duwe ingkung
Sang lindung, aku aja digawe binggung
Kaki danyang, nini danyang
Jaran kepangku balekna ngandhang
sang lindung leyang arane kepang
sang lindung kidang arane jaran
ajuju si waringin sungsang
kinubeng ing kumbala geni
pyur ilang dadi banyu puyih
wujurmu tunggal waluya jati
sira muliha nang negaramu
ing watu kayu iku
mutmainah jaran putihmu
lumepasna kekarepanmu
amarah jaran abangmu
singkirna angkara murkamu
supiyah jaran kuningmu
tebihna alane gegayuhanmu
aluamah jaran irengmu
luwarna srakahe wetengmu
Sang lindung, aku ora duwe ingkung
Sang lindung, aku aja digawe binggung
Kaki danyang, nini danyang
Jaran kepangku balekna ngandhang 

Sekian, Terima kasih telah berkunjung

Semoga Bermanfaat    ;)





Tidak ada komentar:

Posting Komentar