CB

CB

Minggu, 28 Desember 2014

Lirik Lagu Ngelmu Kyai Petruk


Selamat datang di blog saya, dalam dunia musik saya suka dengan musik hiphop, tapi bukan musik hiphop luar negeri melainkan dalam negeri. Grup musik hiphop tersebut adalah Jogja HipHop Foundation yang berasal dari Daerah istimewa Yogyakarta. Saya sangat suka lagu lagunya karena JHF adalah grup ngeRap berbahasa Jawa, seakan akan menghidupkan mantra jawa. Dalam postingan kali ini saya akan share lirik lagu dari JHF yang berjudul Ngelmu Kyai Petruk. Langsung simak aja  ;-)


Lirik Lagu Ngelmu Kyai Petruk


Kuncung ireng pancal putih
Suwarga durung weruh, neraka durung wanuh
Mung donya sing kuweruh, urip aja duwe mungsuh
Ribang bumi ribang nyawa, ana becik ana cilaka
Ana urip ana mati, precil mijet wohing ranti
Seneng mesthi susah, susah mesthi seneng
Aja seneng nek duwe ja susah nek ra duwe
Senenge saklentheng, susahe sarendheng
Susah jebule seneng, seneng jebule susah

Ki daruna ni daruni, wesya aku bali menyang giri
Kyai petruk ratu ning merapi,
Lho ratu kok dadi pak tani

Sugih rung karuan seneng, mlarat rung karuan susah
Susah ra iso disawang, bisane mung dirasakke dhewe
Eh kapiran eh kapirun, eh sapi ora nuntun
Urip aja mung nenuwun yen sapimu masuk angin tambanana
Jamune ulekan lombok bawang uyah kecap
Njur wetenge wedakana ki parutan jahe
Urip kudu nyambut gawe jo sak penak’e dhewe
Kabeh ana aturane

Ki daruna ni daruni, wesya aku bali menyang giri
Kyai petruk ratu ning merapi,
Lho ratu kok dadi pak tani

Pipi padha pipi bokong padha bokong
Pipi ngempong bokong ki dhapur sampurnaning wong
Yen ngelak ngombea, yen ngelih mangana
Yen kesel ngasoa, yen ngantuk turua
Ondhe ondhe jemblem bakwan
Urip kuwi padha wong jajan, kabeh ra iso di pangan
Mula elingana, dhandhanggulane jajan

Sekian postingan kali ini,

Ana kupat kecemplung ning njero santen, menawi lepat kawula nyuwun ngapunten

Semoga Bermanfaat  :-)

Jumat, 26 Desember 2014

Lirik Lagu Suwukan Jaran Kepang

kali ini, saya akan membagikan lirik lagu dari grup hiphop di Yogyakarta, yaitu Jogja HipHop Foundation, judulnya Suwukan Jaran Kepang. Langsung simak aja   ;)

Lirik lagu Suwukan Jaran Kepang


Sang lindung, aku ora duwe ingkung
Sang lindung, aku aja digawe binggung
Kaki danyang, nini danyang
Jaran kepangku balekna ngandhang
e... jaran putih ngalor mlayune
 jaran abang ngidul mlayune
kae .. jaran kuning ngetan mlayune
Jaran ireng ngulon mlayune
sliramu sing nyekel pecute
jo malah kegeret playune jaran e
aja padha keseret ngalor lan aja padha keseret ngidul
aja padha keseret ngetan lan aja padha keseret ngulon
sing mencit methithit lan
ngener marang langit
manunggal marang Pangeranmu
muliha menyang kandhangmu
yaiku keblat ya uga papat lima pancermu
Sang lindung, aku ora duwe ingkung
Sang lindung, aku aja digawe binggung
Kaki danyang, nini danyang
Jaran kepangku balekna ngandhang
rem jaranmu tansah merem
mung sliramu sing weruh ana ing tuju
we jaranmu tansah luwe
mung sliramu sing weruh ana ing wates
su jaranmu tansah nepsu
mung sliramu sing weruh ana ing prelu
yen gelem diseret  jaranmu
ngluwihi tujuanmu watesmu lan prelumu
sira bakal ra weruh ing tuju
ora weruh ing wates
ora weruh ing prelu
tujumu, watesmu, prelumu
yaiku tetelu, keblat bejane uripmu
Sang lindung, aku ora duwe ingkung
Sang lindung, aku aja digawe binggung
Kaki danyang, nini danyang
Jaran kepangku balekna ngandhang
amek banyu apepikulan warih
jaranmu iku jaran banyu
aja numpak yen sliramu
durung weruh segering banyu
amek geni adedamaran
jaranmu iku jaran geni
aja numpak yen sliranmu
durung weruh padhanging geni
apa kang ginayuh ing wektu
bakal kasembadan yen sliramu
apepikulan segering ati mu
lan dedamaran padhanging budimu
Sang lindung, aku ora duwe ingkung
Sang lindung, aku aja digawe binggung
Kaki danyang, nini danyang
Jaran kepangku balekna ngandhang
sang lindung leyang arane kepang
sang lindung kidang arane jaran
ajuju si waringin sungsang
kinubeng ing kumbala geni
pyur ilang dadi banyu puyih
wujurmu tunggal waluya jati
sira muliha nang negaramu
ing watu kayu iku
mutmainah jaran putihmu
lumepasna kekarepanmu
amarah jaran abangmu
singkirna angkara murkamu
supiyah jaran kuningmu
tebihna alane gegayuhanmu
aluamah jaran irengmu
luwarna srakahe wetengmu
Sang lindung, aku ora duwe ingkung
Sang lindung, aku aja digawe binggung
Kaki danyang, nini danyang
Jaran kepangku balekna ngandhang 

Sekian, Terima kasih telah berkunjung

Semoga Bermanfaat    ;)